Kamis, 27 Oktober 2016

Gajah vs Sapi

Posted by ekayulianta 18.53, under | No comments

Gajah vs Sapi

Anak : "Pak, yo opo carane nglebokno Gajah
nang njero kulkas ?"
Bapak : "Yo gak iso Le...... Gajah kok dilebokbo
kulkas"
Anak : "Owalah Bapakku, rek gunu ae gak iso..."
Bapak : "La, Koen iso ta nglebokno Gajah nang
njero kulkas ? Yo opo.....?
Anak : "Yo gampil Pak. Carane, Gajahe dicekel..,
lawang kulkase dibuka.., trus Gajahe dilebokno.
Tutup lawang kulkase. Wiss....."
Bapak : "Eealaaaaahh. Sempal utekmu, Nak.
Ngunu tok tah......????"
Anak: Yo ngunu, carane nglebokno gajah nang
kulkas. Maneh yo pak.. Saiki yoopo carane
nglebokno sapi nang jero kulkas.. ??
Bapak : "Hahahaha......Badekanmu tak jawab
ambek kayang, yo.. Gampang.. Sapine dicekel,
lawang kulkase dibuka, trus Sapine langsung
dilebokno, tutupp lawang kulkasee.. yo kan.... ???"
Anak : "Hahaha.......Sampean atik kayang barang.
Salah, pakk. Gak isooo... !"
Bapak : "Lohh... Kok gak iso ??"
Anak : "Iyo. Kan sik ono Gajah nang jero kulkas.
Dadi kulkase dibuka, Gajahe ditokno disek, nek
wis.. Sapine dicekel, dilebokno kulkas, trus
ditutup."
Bapak : "Eaalaaah. Nurut sopo kon Naaaaak....?
Anak : "Terusno yo pak.. Saiki, nek balapan mlayu,
Gajah mungsuh Sapi, sopo sing tekan finish
disek.... ???"
Bapak : "Yo sapiiiii......"
Anak : "Sampean njawab banterr, tapi salah.. Yo
cepet Gajah sing finish, Pak....!"
Bapak : "Beghh.....! Kok iso Le.....??"
Anak : "La Sapine kan sik nang jero kulkas.
Durung ditokno..."
Bapak : "Karepmu, Lee.....!!!"
Anak : "La kok mangkel. Ojo mangkelan taa.
Sepisan maneh pak....."
Bapak : "Ono maneh.....??"
Anak : "Yo opo carane nimbang, supoyo bapake
Gajah karo anake Gajah, abote podo....??"
Bapak : "Kon ngarang ae. Bapake Gajah mesti
luwih gede teko anakke.. Nek luwih gede, yo
luwih abot...."
Anak : "Yo ngunu nek waton njeplak, gak dipikir.
Padahal gampang"
Bapak : Yo opo ..??
Anak : "Kari di photo ae Bapake, Gajah diphoto,
anake Gajah yo di photo..... Pas Photo ukuran 4 x
6.. Trus ditimbang.. Podokaaaaaaan..
....?"..
Bapak : (gregetan karo ngrikiti cagak an umah)
Anak : "Pak....."
Bapak : "Opo...... ?"
Anak : "Nek Gajah karo Sapi nglamar kerjo, sopo
sing diterimo......??"
Bapak : "Mbuh.....!"
Anak : "Sampean tak kandani ae.......Sing diterimo
kerjo Gajah, pak......!."
Bapak : "Kok iso.. ...???"
Anak : "Lamaran Gajah lengkap, ono pas photone.
Sapi gak ono photoe.. Soale sik nang njero
kulkas.....
Pak.....?.. Pak... ? Bapaaaaaak......."
BAPAK : "Mboooh.....!!!!

0 komentar:

Posting Komentar

Tags

Blog Archive